Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing papesthen, ing madyaning wisma pawiwahan ing siang/dalu punika, wonten titahing Gusti arupi jalu pawestri, bangkit manunggalaken karsa arsa ngancik ing alaming bebrayan, hanetepi upacara adat widhiwidana ingkang sampun sinengker, inggih punika upacara panggih. Panggih hamengku werdi Pangudi Gambuhing Penggalih. Lon-lonan tindakira sri penganten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasane, amung sajuga kang cinipta, antuka bagya mulya ing donya tekeng delahan. Saya caket tindakira sri penganten kekalih, nulya kumlawe astane penganten putri hambalang gantalan mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Semanten ugi penganten kakung gumanti hambalang gantalan gondhang tutur, dhumateng gegununganing manah. Gantalan punika suruh ingkang temu rose, ginulung ing salebetipun isi jambe nem, tinangsulan benang lawe. Dene werdinipun manunggaling karsa antawisipun...
Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, lah punika ta tejaning risang pinanganten kakung pun Bagus ……………( nama pengantin pria ) ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan. Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes berang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung. Mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindak ira putra penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara. Wus handungkap unggyan...