Langsung ke konten utama

Panyandra Panggih Temu Manten

Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing papesthen, ing madyaning wisma pawiwahan ing siang/dalu punika, wonten titahing Gusti arupi jalu pawestri, bangkit manunggalaken karsa arsa ngancik ing alaming bebrayan, hanetepi upacara adat widhiwidana ingkang sampun sinengker, inggih punika upacara panggih. Panggih hamengku werdi Pangudi Gambuhing Penggalih.

Lon-lonan tindakira sri penganten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasane, amung sajuga kang cinipta, antuka bagya mulya ing donya tekeng delahan.

Saya caket tindakira sri penganten kekalih, nulya kumlawe astane penganten putri hambalang gantalan mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Semanten ugi penganten kakung gumanti hambalang gantalan gondhang tutur, dhumateng gegununganing manah.

Gantalan punika suruh ingkang temu rose, ginulung ing salebetipun isi jambe nem, tinangsulan benang lawe. Dene werdinipun manunggaling karsa antawisipun jalu pawestri kadya suruh lumah kurepe, dinulu seje warnane, ginigit tunggal rasane..

Sangsaya caket lampahe sri penganten sarimbit, anyaketi kendhaga kencana isi tirta wening, paweninganing kautaman katingal kambang-kambang kumambanging tri puspita warna; kanthil, melathi, sarta mawar.

Kanthil; kumanthiling katresnan penganten putri. Melathi; awit saking kedaling lathi sri penganten kakung. Mawar; arum mangambar gandane ing donya tekeng delahan.

Para rawuh, penganten sarimbit sampun tangkep asta, sigra anjengku sri penganten putri ing ngarsanipun ingkang garwa, anyaketi kendhaga kencana.

Sawusnya sri penganten kakung amecah hantiga, sigra winijikan dening sri penganten putri, pratandha tan ana kang pantes hangayomi, anenuntun, hanganthi keblating panembah mring Gusti, kajawi sang binagus.

Wus paripurna upacara panggih, sigra penganten kekalih jumeneng jajar sumandhing, siningepan sindur warna rekta lan seta dening ingkang ibu, asung pralampita putra temanten sarimbit, tansah tinuntun ing reh kautaman, wani marang bebener wedi marang kanisthan.

Temanten sarimbit tumunten binoyong lampahe, rinangkul kinempit-kempit dening ingkang ibu jengkar saking sasana panggih, tumuju mring palenggahanira kanthi sesanti jaya-jaya wijayanti.

Laju lampahe kang pindha narendra, dupi wus prapteng hunggyaning kang sinedya, inggih ing dhampar rinengga sigra lenggah jajar, keket raket renggang gula kumepyur pulut, sumunar cahyane, ilang sipating titah pindha dewaning asmara ngejawantah

Postingan populer dari blog ini

Atur Pangandikan Pamit (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun pangapunten , ing mriki kulo badhe matur ingkang ongko kalih . Dene adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko sampun pinanggih cekap kanti nir ing sambekolo , kanti raos syukur monggo maos tahmid sesarengan .. Alhamdullihirobbil'alamin .  Ingkang saklajengipun adicoro wonten ing wekdal puniko sampun paripurno , mbokbilih poro lenggah sedoyo tasih badhe ngersakaken wawan pangandikan , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) badhe nanggapi sakcekapipun . Nanging mbokbilih poro lenggah badhe ngersakaken kundur , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) namung saget nderekaken sugeng kundur , rahayu ingkang sami pinanggih . Mekaten ingkang dados atur kulo . Mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Salam Pambuko Blog

Dumateng poro kadang wiranem sedoyo ingkang kulo tresnani . Ngengeti wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul , tokoh ingkang linangkung pono babagan toto boso wawan pangandikan boso jawi nun injih panjenenganipun Bapak Saderi sampun katimbalan sowan wonten ngarso Pangeran . Kanti meniko , wonten ing wulan kawuri panjenenganipun Bapak Lurah Bantul nun injih Bapak Supriyadi , paring dawuh dumateng panjenenganipun Bapak Sastro supados mandapaken pangertosanipun babagan totoboso wawan pangandikan boso jawi dumateng poro kadang wiranem wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul .  Wondene ingkang dados panjurungipun , nun injih : ingkang ongko sepisan , supados poro kadang wiranem kerso nguri-uri boso jawi , ingkang dados warisanipun simbah-simbah kulo panjenengan sedoyo , ampun ngantos tiyang jawi mboten saget boso jawi . Ingkang ongko kalih , mbokbilih sawijining warga gadah wigati , wonten ingkang saget majeng wawan pangandikan . Ingkang ongko tigo , kagem ngangkat lingkun...

Panyandra Rawuhipun Temanten Kakung

Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, lah punika ta tejaning risang pinanganten kakung pun Bagus ……………( nama pengantin pria ) ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan. Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes berang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung  ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung.  Mrabu  ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene  mrabawa  ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindak ira putra penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara. Wus handungkap unggyan...