Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Nyuwun pangapunten , ing mriki kulo badhe matur ingkang ongko kalih .
Dene adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko sampun pinanggih cekap kanti nir ing sambekolo , kanti raos syukur monggo maos tahmid sesarengan .. Alhamdullihirobbil'alamin .
Ingkang saklajengipun adicoro wonten ing wekdal puniko sampun paripurno , mbokbilih poro lenggah sedoyo tasih badhe ngersakaken wawan pangandikan , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) badhe nanggapi sakcekapipun . Nanging mbokbilih poro lenggah badhe ngersakaken kundur , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) namung saget nderekaken sugeng kundur , rahayu ingkang sami pinanggih .
Mekaten ingkang dados atur kulo . Mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten .
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.