Langsung ke konten utama

Salam Pambuko Blog

Dumateng poro kadang wiranem sedoyo ingkang kulo tresnani . Ngengeti wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul , tokoh ingkang linangkung pono babagan toto boso wawan pangandikan boso jawi nun injih panjenenganipun Bapak Saderi sampun katimbalan sowan wonten ngarso Pangeran . Kanti meniko , wonten ing wulan kawuri panjenenganipun Bapak Lurah Bantul nun injih Bapak Supriyadi , paring dawuh dumateng panjenenganipun Bapak Sastro supados mandapaken pangertosanipun babagan totoboso wawan pangandikan boso jawi dumateng poro kadang wiranem wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul . 

Wondene ingkang dados panjurungipun , nun injih : ingkang ongko sepisan , supados poro kadang wiranem kerso nguri-uri boso jawi , ingkang dados warisanipun simbah-simbah kulo panjenengan sedoyo , ampun ngantos tiyang jawi mboten saget boso jawi . Ingkang ongko kalih , mbokbilih sawijining warga gadah wigati , wonten ingkang saget majeng wawan pangandikan . Ingkang ongko tigo , kagem ngangkat lingkungan , mugio kanthi kulo panjenengan sedoyo sesarengan anggenipun sinau toto boso boso jawi , Pedukan Tegaldowo Grujugan Bantul saget kondang babagan totobosonipun .

Ingkang saklajengipun , wonten dinten kawuri , kulo mundi dawuh supados sesarengan sinau kalian poro kadang wiranem . Dados ing mriki saestu kulo namung sesarengan kalian poro kadang wiranem anggenipun sinau toto boso wawan pangandikan boso jawi . Dados mboten ngajari nggeh , namung sareng-sareng sinau . Amargi kulo nggeh rumaos tasih kirang seserapanipun soho pangertosanipun . Ananging dinten kawuri , kulo dipun suwun kalian mas Abi supados damel naskah kagem sinau . Mestinipun naskah meniko tasih kathah kalepatanipun lan kekiranganipun , monggo dipun rembag sesarengan supados linangkung sae .

Ingkang nyerat,
Triyanto Syifa
WA 089672148056

Postingan populer dari blog ini

Atur Pangandikan Pamit (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun pangapunten , ing mriki kulo badhe matur ingkang ongko kalih . Dene adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko sampun pinanggih cekap kanti nir ing sambekolo , kanti raos syukur monggo maos tahmid sesarengan .. Alhamdullihirobbil'alamin .  Ingkang saklajengipun adicoro wonten ing wekdal puniko sampun paripurno , mbokbilih poro lenggah sedoyo tasih badhe ngersakaken wawan pangandikan , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) badhe nanggapi sakcekapipun . Nanging mbokbilih poro lenggah badhe ngersakaken kundur , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) namung saget nderekaken sugeng kundur , rahayu ingkang sami pinanggih . Mekaten ingkang dados atur kulo . Mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Panyandra Rawuhipun Temanten Kakung

Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, lah punika ta tejaning risang pinanganten kakung pun Bagus ……………( nama pengantin pria ) ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan. Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes berang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung  ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung.  Mrabu  ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene  mrabawa  ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindak ira putra penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara. Wus handungkap unggyan...