Langsung ke konten utama

Panyandra Temanten Putri Mijil

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Puspawarna/Sekarteja, ana ganda arum hangambar katiyubing samirana manda, lah punika ta jejuwitaning pahargyan ing siang/dalu punika, putra putrinipun Bapa/Ibu …………….. ingkang sesilih Rara ………… Mijil saking sasana tepas wangi ngagem busana penganten putri, hingayap ginarubyug para sesepuh, manjing jroning sasana rinengga badhe kabiwadha.

Dhasar sulistyeng wami, tur nedheng-nedhenge besus ngadisarira tuwin ngadibusana, kathik kabiwadha kedah mangagem busana satataning putrining kraton, pramila boten mokal kalamun kathah ingkang sami tambuh. Lampah ruruh hangujiwat, semu daya-daya enggal dumugiya papan palenggahan. Sumengkaning raos wagewage ndang kliwona, gage-gage ndang temua.

Sri penganten putri hangagem busana ingkang sarwa retna, hangemba busananing Rajaputri, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.

Gegelung malang rinengga oncen-oncen sekar melathi, cecundhuk sekar kanthil, esmu suka sasmita tansah kumanthil-kanthil calon penganten kakung. Ageman kebayak baludru langking sinulam rinenda lir kancana rukmi satuhu. Dodot sidamukti sinepuh prada binabar, amparan rukmi sinulam benang jene.

Prapteng madyaning sasana pawiwahan kagyat ogora kang apindha sitaresmi, dene uninga sangyaning para tamu kakung sumawana putri, wus kebak ber hambalabar angebeki jroning pawiwahan.

Marma sakedhap-sakedhap tumungkul esmu lingsem nanging suka, mesem jroning batos hangraos lamun sadaya ingkang hanjenengi sami hangalembana mring tembene kang winisudha.

Lulus raharja sowanipun pinanganten putri, dupi wus prapteng unggyaning kang tinuju, dening pangembaning penganten putri nulya kalenggahaken ing dhampar rinengga. Wus lenggah anggana raras, anggana sarira raras kawuryan, lenggah piyambakan hangrantu laksitaning adicara.

Postingan populer dari blog ini

Atur Pangandikan Pamit (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun pangapunten , ing mriki kulo badhe matur ingkang ongko kalih . Dene adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko sampun pinanggih cekap kanti nir ing sambekolo , kanti raos syukur monggo maos tahmid sesarengan .. Alhamdullihirobbil'alamin .  Ingkang saklajengipun adicoro wonten ing wekdal puniko sampun paripurno , mbokbilih poro lenggah sedoyo tasih badhe ngersakaken wawan pangandikan , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) badhe nanggapi sakcekapipun . Nanging mbokbilih poro lenggah badhe ngersakaken kundur , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) namung saget nderekaken sugeng kundur , rahayu ingkang sami pinanggih . Mekaten ingkang dados atur kulo . Mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Salam Pambuko Blog

Dumateng poro kadang wiranem sedoyo ingkang kulo tresnani . Ngengeti wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul , tokoh ingkang linangkung pono babagan toto boso wawan pangandikan boso jawi nun injih panjenenganipun Bapak Saderi sampun katimbalan sowan wonten ngarso Pangeran . Kanti meniko , wonten ing wulan kawuri panjenenganipun Bapak Lurah Bantul nun injih Bapak Supriyadi , paring dawuh dumateng panjenenganipun Bapak Sastro supados mandapaken pangertosanipun babagan totoboso wawan pangandikan boso jawi dumateng poro kadang wiranem wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul .  Wondene ingkang dados panjurungipun , nun injih : ingkang ongko sepisan , supados poro kadang wiranem kerso nguri-uri boso jawi , ingkang dados warisanipun simbah-simbah kulo panjenengan sedoyo , ampun ngantos tiyang jawi mboten saget boso jawi . Ingkang ongko kalih , mbokbilih sawijining warga gadah wigati , wonten ingkang saget majeng wawan pangandikan . Ingkang ongko tigo , kagem ngangkat lingkun...

Panyandra Rawuhipun Temanten Kakung

Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, lah punika ta tejaning risang pinanganten kakung pun Bagus ……………( nama pengantin pria ) ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan. Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes berang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung  ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung.  Mrabu  ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene  mrabawa  ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindak ira putra penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara. Wus handungkap unggyan...