Mabukuh yayah prayitneng kewuh lah punika ta warnanira ingkang ndaweg hanawung kridha, ana satriya kekalih/sakembaran kang busana sarwa prasaja, dedege pideksa, tindake susila anorraga.
Sanadyan kathah priya ingkang bebasan sacathok gumbalane sakelut rerawise, ingkang wredha mboten kirang ingkang mudha tumaruna sakalangkung kathah, parandene mboten wonten ingkang piniji ing karya minangka sang duta pamethuk, kajawi panjenenganipun Bapa ….. (orang tua pengantin putri) saha Bapa (orang tua pengantin putra).
Dhasar kekalihipun satuhu priya ingkang sampun lebda ing karya, katitik wonten madyaning bebrayan agung kekalihipun sampun nate dados tetuwangganing para warga. Katitik saking solah bawa, ebahing sarira, liringing netra, tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna kekalihipun satuhu lebda ing budaya, mila pantes minangka risang duta pamethuk.
Dupi prapta wonten ngarsaning ingkang hamengku gati, sigra nyuwun tambahing pangestu murih anggenipun hamethuk putra calon penganten kakung, tansah manggih rahayu wilujeng boten wonten pringga bayaning marga.
Saya mantep piandeling dupi hanampi dhuwung agemanipun putra calon penganten kakung, ingkang awasta Kyai Senggol Modot. Dhuwung dudu sadhengah dhuwung, ananging dhuwung kang nduweni kasekten linuwih. Lamun winatek sarana weninging cipta, wilahing dhuwung bisa modot sak dhepa dawane. Sigra ginelak lampahe, gita-gita dumugi papan paleremaning putra calon temanten kakung .