Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Inggih kepareng matur dumateng panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) .
Sakderengipun , kulo tansah mawantu-wantu mbokbilih atur kulo ing semangke kathah kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten .
Kulo marak sowan mriki , amargi mundi dawuh saking panjenenganipun ... (ingkang kagungan hajat) .
Nun injih , panjenengan kasuwun rawuh wonten ing dalemipun ... (ingkang kagungan hajat) , saperlu pilenggahan soho maos waosan kalimah toyibah , dzikir , lan tahlil . Dene wekadalipun , benjang dinten ... wanci tabuh ... dene wigatinipun badhe mengeti sewu dintenipun ... / badhe molokramekaken putranipun .
Mekaten ingkang dados atur kulo , mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo punyuwun pangapunten .
Saking kulo ,
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.