Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2023

Salam Pambuko Blog

Dumateng poro kadang wiranem sedoyo ingkang kulo tresnani . Ngengeti wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul , tokoh ingkang linangkung pono babagan toto boso wawan pangandikan boso jawi nun injih panjenenganipun Bapak Saderi sampun katimbalan sowan wonten ngarso Pangeran . Kanti meniko , wonten ing wulan kawuri panjenenganipun Bapak Lurah Bantul nun injih Bapak Supriyadi , paring dawuh dumateng panjenenganipun Bapak Sastro supados mandapaken pangertosanipun babagan totoboso wawan pangandikan boso jawi dumateng poro kadang wiranem wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul .  Wondene ingkang dados panjurungipun , nun injih : ingkang ongko sepisan , supados poro kadang wiranem kerso nguri-uri boso jawi , ingkang dados warisanipun simbah-simbah kulo panjenengan sedoyo , ampun ngantos tiyang jawi mboten saget boso jawi . Ingkang ongko kalih , mbokbilih sawijining warga gadah wigati , wonten ingkang saget majeng wawan pangandikan . Ingkang ongko tigo , kagem ngangkat lingkun...

Atur-Atur / Ulem-Ulem (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Inggih kepareng matur dumateng panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) . Sakderengipun , kulo tansah mawantu-wantu mbokbilih atur kulo ing semangke kathah kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Kulo marak sowan mriki , amargi mundi dawuh saking panjenenganipun ... (ingkang kagungan hajat) . Nun injih , panjenengan kasuwun rawuh wonten ing dalemipun ... (ingkang kagungan hajat) , saperlu pilenggahan soho maos waosan kalimah toyibah , dzikir , lan tahlil . Dene wekadalipun , benjang dinten ... wanci tabuh ... dene wigatinipun badhe mengeti sewu dintenipun ... / badhe molokramekaken putranipun . Mekaten ingkang dados atur kulo , mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo punyuwun pangapunten . Saking kulo ,  Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Atur Pangandikan Pamit (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun pangapunten , ing mriki kulo badhe matur ingkang ongko kalih . Dene adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko sampun pinanggih cekap kanti nir ing sambekolo , kanti raos syukur monggo maos tahmid sesarengan .. Alhamdullihirobbil'alamin .  Ingkang saklajengipun adicoro wonten ing wekdal puniko sampun paripurno , mbokbilih poro lenggah sedoyo tasih badhe ngersakaken wawan pangandikan , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) badhe nanggapi sakcekapipun . Nanging mbokbilih poro lenggah badhe ngersakaken kundur , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) namung saget nderekaken sugeng kundur , rahayu ingkang sami pinanggih . Mekaten ingkang dados atur kulo . Mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Paniti Laksono Pepanggihan (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Dumateng sesepuh soho pinisepuh ingkang pono ing pamawas Dumateng panjenenganipun ... (Bapak Dukuh / Bapak RT / Ketua Pemuda) ingkang tansah kinurmatan Dumateng poro rencang mudo soho mudi , sumrambahipun poro lenggah sedoyo ingkang bagyo mulyo . Sakderengipun kulo nyuwun pangapunten , amargi kulo ing mriki kumowantun matur dumateng panjenengan sedoyo , jalaran kulo ing mriki kapiji supados nderekaken lampahing adicoro wonten ing pepanggihan puniko . Ananging mbokbilih atur kulo semangke wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang tansah bagyo mulyo . Monggo tansah kulo derekaken ngaturaken pujo puji syukur dumateng Gusti ingkang moho Widi , ingkang sampun paring kanugrahan dumateng kulo panjenengan sedoyo , nun injih wonten ing wekdal puniko , kulo panjenengan sedoyo saget nyawiji wonten ing papan mriki , saperlu pepanggihan ...(Karangtaruna Muda Mudi) wonten ing dalemipun ... (ingkang kagungan dalem) . Dumateng...

Atur Pangandikan Pambagyoharjo (Dasar 1)

Kulo tampi aturipun saking panjenenganipun ... (ingkang atur pangandikan sinom) . Assalamu'alaikum Wr. Wb. Dumateng sesepuh soho pinisepuh ingkang pono ing pamawas Dumateng panjenenganipun ... (Bapak Dukuh / Bapak RT / Ketua Pemuda) ingkang tansah kinurmatan Dumateng poro rencang mudo soho mudi , sumrambahipun poro lenggah sedoyo ingkang kulo tresnani . Sakderengipun kulo nyuwun pangapunten , amargi kulo ing mriki kumowantun matur dumateng panjenengan sedoyo , jalaran kulo ing mriki minongko sulih saliro , saking panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) . Ananging mbokbilih atur kulo semangke wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang kulo tresnani. Monggo tansah kulo derekaken ngaturaken pujo puji syukur dumateng Gusti ingkang moho Asih , ingkang sampun paring sih nugroho dumateng kulo panjenengan sedoyo , ingkang satemah wonten ing wekdal puniko , kulo panjenengan sedoyo saget nyawiji wonten ing papan mriki , saperlu pepanggihan ....

Atur Pangandikan Sinom (Dasar 1)

Nyuwun pangapunten , badhe munggel pangandikan sawetawis , amargi kulo badhe matur dumateng panjenenganipun ... (ingkang atur pambagyoharjo) . Assalamu'alaikum Wr. Wb. Inggih kepareng matur dumateng panjenenganipun ... (ingkang atur pambagyoharjo) . Meniko kulo sakrencang , anggenipun lados unjukan soho daharan sampun kacekap , pramilo saking atur panyuwunipun ... (ingkang kagungan dalem) , panjenengan kasuwun ngaturaken dumateng poro lenggah sedoyo . Mekaten ingkang dados atur kulo , mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Wassalamu'alaikum Wr. Wb.