Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Dumateng sesepuh soho pinisepuh ingkang pono ing pamawas
Dumateng panjenenganipun ... (Bapak Dukuh / Bapak RT / Ketua Pemuda) ingkang tansah kinurmatan
Dumateng poro rencang mudo soho mudi , sumrambahipun poro lenggah sedoyo ingkang bagyo mulyo .
Sakderengipun kulo nyuwun pangapunten , amargi kulo ing mriki kumowantun matur dumateng panjenengan sedoyo , jalaran kulo ing mriki kapiji supados nderekaken lampahing adicoro wonten ing pepanggihan puniko . Ananging mbokbilih atur kulo semangke wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten .
Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang tansah bagyo mulyo . Monggo tansah kulo derekaken ngaturaken pujo puji syukur dumateng Gusti ingkang moho Widi , ingkang sampun paring kanugrahan dumateng kulo panjenengan sedoyo , nun injih wonten ing wekdal puniko , kulo panjenengan sedoyo saget nyawiji wonten ing papan mriki , saperlu pepanggihan ...(Karangtaruna Muda Mudi) wonten ing dalemipun ... (ingkang kagungan dalem) .
Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang tansah bagyo mulyo . Sakderengipun adicoro dipun awiti , pramilo bade kulo aturaken reroncening adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko .
1. Pambuko
2. Atur Pangandikan Bapak Dukuh / Bapak RT / Ketua Pemuda
3. Pirembagakan
4. Laporan
5. Sanes-sanes
6. Panutup
Mekaten reroncening adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko .
Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang tansah bagyo mulyo . Ngancik adicoro ingkang ongko sepisan nun injih pambuko . Monggo adicoro wonten ing wekdal puniko dipun awiti kanti waosan basmalah kulo derekaken . Bismillahirrahmanirrahim .
Mugi kanti waosan basmalah kolo wau , ndadosaken adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko nir ing sambekolo . Kulo lajengaken adicoro ingkang ongko kalih nun injih atur pangandikan saking ... (Bapak Dukuh / Bapak RT) . Dumateng panjenenganipun ... (Bapak Dukuh / Bapak RT) wekdal soho papan sumonggo katur .
Mekaten atur pangandikan saking panjenenganipun ... (Bapak Dukuh / Bapak RT) mugio dados pangartosan dumateng kulo panjenengan sedoyo. Kulo lajengaken adicoro ingkang ongko tigo nun injih pirembagan . Dene adicoro pirembagan kulo suwunaken berkah dumateng panjenenganipun ... (Ketua Pemuda) . Wekdal soho papan , sumonggo katur .
Mekaten adicoro pirembagan . Mugi menopo ingkang dados pirembagan kulo panjenengan sedoyo saget migunani dumateng kulo panjenengan sedoyo. Kulo lajengaken adicoro ingkang sak lajengipun nun injih laporan soho sanes-sanes . Dene adicoro meniko kulo suwunaken berkah dumateng panjenenganipun ... (sekretaris) .
Kulo aturaken matur nuwun , dumateng panjenenganipun ... (sekretaris) ingkang sampun minangkani panyuwun kulo . Mugi menopo ingkang dipunaturaken , saget nambahi pangertosan dumateng poro lenggah sedoyo .
Kulo lajengaken adicoro ingkang pungkasan , nun injih panutup . Ananging sakderengipun adicoro dipun pungkasi , saking kulo mbokbilih anggenipun nderekaken lampahing adicoro pepanggihan meniko wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Dene adicoro pepanggihan meniko , monggo dipun pungkasi kanti maos tahmid sesarengan .. Alhamdulillahirobbil 'alamin .
Dene saking kulo ..
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.