Langsung ke konten utama

Atur Pangandikan Pambagyoharjo (Dasar 1)

Kulo tampi aturipun saking panjenenganipun ... (ingkang atur pangandikan sinom) .

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dumateng sesepuh soho pinisepuh ingkang pono ing pamawas
Dumateng panjenenganipun ... (Bapak Dukuh / Bapak RT / Ketua Pemuda) ingkang tansah kinurmatan
Dumateng poro rencang mudo soho mudi , sumrambahipun poro lenggah sedoyo ingkang kulo tresnani .

Sakderengipun kulo nyuwun pangapunten , amargi kulo ing mriki kumowantun matur dumateng panjenengan sedoyo , jalaran kulo ing mriki minongko sulih saliro , saking panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) . Ananging mbokbilih atur kulo semangke wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten .

Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang kulo tresnani. Monggo tansah kulo derekaken ngaturaken pujo puji syukur dumateng Gusti ingkang moho Asih , ingkang sampun paring sih nugroho dumateng kulo panjenengan sedoyo , ingkang satemah wonten ing wekdal puniko , kulo panjenengan sedoyo saget nyawiji wonten ing papan mriki , saperlu pepanggihan ...(Karangtaruna Muda Mudi) wonten ing dalemipun ... (ingkang kagungan dalem) .

Dumateng poro lenggah sedoyo ingkang kulo tresnani . Ing mriki , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) ngaturaken sugeng rawuh soho sugeng pambagyo dumateng poro lenggah sedoyo . Awit karawuhan panjenengan sodoyo , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) , ngaturaken agunging panuwun . Ingkang saklajengipun , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) mbokbilih , anggenipun nanggapi rawuhipun panjenengan wonten kalepatan , saestu panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) nyuwun agunging pangapunten . Ingkang saklajengipun , meniko saking suko bingahipun panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) wonten ing ngarso panjenengan sedoyo sampun sumadyo unjukan soho daharan , panyuwinipun ... (ingkang kagungan dalem) , panjenengan sedoyo dipun aturi angrahapi . Ananging sakederengipun , monggo maos doa sesarengan kulo derekaken . Bismillahirrahmaniirahim .......

Mekaten ingkang dados atur kulo , mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten .

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Postingan populer dari blog ini

Atur Pangandikan Pamit (Dasar 1)

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun pangapunten , ing mriki kulo badhe matur ingkang ongko kalih . Dene adicoro pepanggihan wonten ing wekdal puniko sampun pinanggih cekap kanti nir ing sambekolo , kanti raos syukur monggo maos tahmid sesarengan .. Alhamdullihirobbil'alamin .  Ingkang saklajengipun adicoro wonten ing wekdal puniko sampun paripurno , mbokbilih poro lenggah sedoyo tasih badhe ngersakaken wawan pangandikan , panjenenganipun .. (ingkang kagungan dalem) badhe nanggapi sakcekapipun . Nanging mbokbilih poro lenggah badhe ngersakaken kundur , panjenenganipun ... (ingkang kagungan dalem) namung saget nderekaken sugeng kundur , rahayu ingkang sami pinanggih . Mekaten ingkang dados atur kulo . Mbokbilih wonten kalepatan , saestu kulo nyuwun pangapunten . Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Salam Pambuko Blog

Dumateng poro kadang wiranem sedoyo ingkang kulo tresnani . Ngengeti wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul , tokoh ingkang linangkung pono babagan toto boso wawan pangandikan boso jawi nun injih panjenenganipun Bapak Saderi sampun katimbalan sowan wonten ngarso Pangeran . Kanti meniko , wonten ing wulan kawuri panjenenganipun Bapak Lurah Bantul nun injih Bapak Supriyadi , paring dawuh dumateng panjenenganipun Bapak Sastro supados mandapaken pangertosanipun babagan totoboso wawan pangandikan boso jawi dumateng poro kadang wiranem wonten ing Pedukuhan Tegaldowo Grujugan Bantul .  Wondene ingkang dados panjurungipun , nun injih : ingkang ongko sepisan , supados poro kadang wiranem kerso nguri-uri boso jawi , ingkang dados warisanipun simbah-simbah kulo panjenengan sedoyo , ampun ngantos tiyang jawi mboten saget boso jawi . Ingkang ongko kalih , mbokbilih sawijining warga gadah wigati , wonten ingkang saget majeng wawan pangandikan . Ingkang ongko tigo , kagem ngangkat lingkun...

Panyandra Rawuhipun Temanten Kakung

Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, lah punika ta tejaning risang pinanganten kakung pun Bagus ……………( nama pengantin pria ) ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan. Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes berang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung  ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung.  Mrabu  ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene  mrabawa  ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindak ira putra penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara. Wus handungkap unggyan...