Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2023

Panyandra Rawuhipun Temanten Kakung

Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, lah punika ta tejaning risang pinanganten kakung pun Bagus ……………( nama pengantin pria ) ingkang binayang kare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan. Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes berang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung  ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung.  Mrabu  ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene  mrabawa  ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindak ira putra penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara. Wus handungkap unggyan...

Panyandra Duta Pamethuk

Mabukuh yayah prayitneng kewuh lah punika ta warnanira ingkang ndaweg hanawung kridha, ana satriya kekalih/sakembaran kang busana sarwa prasaja, dedege pideksa, tindake susila anorraga. Sanadyan kathah priya ingkang bebasan sacathok gumbalane sakelut rerawise, ingkang wredha mboten kirang ingkang mudha tumaruna sakalangkung kathah, parandene mboten wonten ingkang piniji ing karya minangka sang duta pamethuk, kajawi panjenenganipun Bapa …..  (orang tua pengantin putri)  saha Bapa  (orang tua pengantin putra) . Dhasar kekalihipun satuhu priya ingkang sampun lebda ing karya, katitik wonten madyaning bebrayan agung kekalihipun sampun nate dados tetuwangganing para warga. Katitik saking solah bawa, ebahing sarira, liringing netra, tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna kekalihipun satuhu lebda ing budaya, mila pantes minangka risang duta pamethuk. Dupi prapta wonten ngarsaning ingkang hamengku gati, sigra nyuwun tambahing pangestu murih anggenipun hamethuk putra calon penga...

Panyandra Temanten Putri Mijil

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Puspawarna/Sekarteja, ana ganda arum hangambar katiyubing samirana manda, lah punika ta jejuwitaning pahargyan ing siang/dalu punika, putra putrinipun Bapa/Ibu …………….. ingkang sesilih Rara ………… Mijil saking sasana tepas wangi ngagem busana penganten putri, hingayap ginarubyug para sesepuh, manjing jroning sasana rinengga badhe kabiwadha. Dhasar sulistyeng wami, tur nedheng-nedhenge besus ngadisarira tuwin ngadibusana, kathik kabiwadha kedah mangagem busana satataning putrining kraton, pramila boten mokal kalamun kathah ingkang sami tambuh. Lampah ruruh hangujiwat, semu daya-daya enggal dumugiya papan palenggahan. Sumengkaning raos wagewage ndang kliwona, gage-gage ndang temua. Sri penganten putri hangagem busana ingkang sarwa retna, hangemba busananing Rajaputri, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana  adi , pan yayah kartika hasilih prenah. Gegelung malang rine...