Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2023

Panyandra Panggih Temu Manten

Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing papesthen, ing madyaning wisma pawiwahan ing siang/dalu punika, wonten titahing Gusti arupi jalu pawestri,  bangkit  manunggalaken karsa arsa ngancik ing alaming bebrayan, hanetepi upacara  adat widhiwidana  ingkang sampun sinengker, inggih punika upacara panggih. Panggih hamengku werdi Pangudi Gambuhing Penggalih. Lon-lonan tindakira sri penganten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasane, amung sajuga kang cinipta, antuka bagya mulya ing donya tekeng delahan. Saya caket tindakira sri penganten kekalih, nulya kumlawe astane penganten putri hambalang gantalan mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Semanten ugi penganten kakung gumanti hambalang gantalan gondhang tutur, dhumateng gegununganing manah. Gantalan punika suruh ingkang temu rose, ginulung ing salebetipun isi jambe nem, tinangsulan benang lawe. Dene werdinipun manunggaling karsa antawisipun...